Monday, May 2, 2011

Ngupadi Weninge Ratri, Hanggayuh Weninge Ati...

Wengi ditegesi beda-beda antarane wong siji lan sijine. Ana kang nganggep yen wengi iku padha karo peteng kang nyalawadi. Ing kamangka kahanan peteng rapet sesambungan karo laku durjana lan kadurakan. Ana sesebutan golongan peteng, laku peteng, lan uga lembu peteng. Jin setan priprayangan padha ngguyu latah-latah nggegodha janma uga jumedhul ing madyaning ratri kang wingit. Tan mokal yen akeh pawongan kang wedi metu ing wanci bengi.
Saperangan bebrayan ana kang negesi yen lakune wengi bakal jumujug ing kahanan sepi. Jare kandha sajrone wengi anane mung lali. Lali mring kasunyatan kang kita sumurupi ing alam padhang. Wengi nyata bakal nggawa kita urip ing alam impen kanggo nglelipur driya amrih bisa nglalekake sesanggan abote urip. Muhung aneng sajrone impen kuwi kita bisa njawab pitakon-pitakon kang ginembol mbedhosol ing sajrone ati. Iku ngono makna wengi tumrap wong-wong kang uripe isih sinangsaya mring kahanan. Beda karo wong-wong mulya kang nganggep yen wengi iku kudu dinikmati. Wengi iku kayadene alam kaswargan kang endah.
Njumenengi Ratri Amrih Caket Mring Gusti
Kang tinulis ing ndhuwur iku nggambarake pinemune saperangan wong ngenani wengi lan peteng. Mesthi wae ana maneh pinemu kang beda. Kabukti akeh uga kang menehi makna positif ngenani tekane wengi. Para ahli agama lan para warga bebrayan kang dhemen marsudi olah kridhaning batin nganggep yen wengi iku kudu dijumenengi kanggo marga amrih caket mring Gusti sesembahane tumitah. Mugiya kawuningan yen tembung ‘ratri’ kang ateges ‘bengi’ iku asal muasale kanggo nyebut asmane Dewi Ratri yaiku dewi kang nguwasani alam wengi manut kapracayan lan mitologi Hindhu.
Nadyan kanthi cara lan ritual kang beda-beda, para ahli agama lan kebatinan nduweni kapracayan yen wengi iku wektu mirunggan kanggo ngadani laku amrih bisa cedhak ing ngarsa-Ne Gusti kang Maha Agung. Laku tirakatan ing candhi lan pura kita sumurupi ing tanah Bali nalika teka wanci purnama siddi. Kajaba wengi purnama siddi kang kanggo tirakatan, uga ana wengi peteng ndhedhet kang sinebut Syiwaratri yaiku wengine Hyang Syiwa kanggo ngadani ritual manembah marang Dewa Syiwa.
Ing crita rakyat saka Blora kita tepung karo paraga kang aran Jati Kusuma lan Jati Swara. Pangeran Jati Kusuma lan Jati Swara iku asring kasebut minangka cikal bakal desa Janjang, Jiken, Blora. Paraga loro kang kondhang sekti iki anggone laku prihatin kanthi cara kang wewalikan. Jati Kusuma tansah nyegah dhahar nanging kena sare, suwalike Jati Swara kena dhahar nanging ora kena sare. Gegambaran laku iku nuduhake lamun pangan iku lambang kanikmatan ing wanci awan dene turu iku mujudake kanikmatan ing wanci wengi.
Neng Ning Nung Nang
Saka andharan ing ndhuwur kita bisa mratelakake lamun wengi saktemene dudu wanci kang medeni lan nggegirisi kaya dedongenan wong-wong kuna sing ndhelik ing guwa nalika teka grahana rembulan ngira lamun rembulane ilang ditadhah kalamangsa dening Hyang Bathara Kala. Tumrap pawongan kang dhemen ngasah landhepe batin lan mersudi waskithane pangesthi, wengi iku bisa dadi sarana kanggo tumuju kemenangan urip kanthi dalan neng ning nung lan nang. Neng ning nung nang iku sekawit mujudake swara dhasar gamelan. 
Neng. Tembung ‘neng’ asale saka tembung jumeneng. Wengi iku kudu dijumenengi utawa diedegake. Kayadene wisma, supaya wewangunan wisma bisa ngadeg mesthi mbutuhake cagak. Cagake awak iku sikil nanging cagake sirah dudu gulu. Cagake mustaka iku jebul netra. Ya saka pangerten iki mula ana istilah cagak melek. Ing kampung-kampung yen ana adicara jagong sepasaran bayi, melek sajrone pupak puser, mula padha tirakatan. Kanggo cagak melek mula terus padha kidungan, main kertu, lsp.
Njumenengi wengi mesthine prayoga kanthi dalan sing bener yaiku nindakake ngibadah lan nikelake anggone eling mring panguwasa-Ne Gusti kang Maha Rumeksa. Adate donga lan panyuwunan kang diunjukake marang Gusti ing wanci iki uga gampang kasembadan nadyan tembung ‘kasembadan’ iku bisa ditegesi werna-werna. Tumrap kang njumenengi wengi kanthi mendem utawa ngunjuk ciu lan main gaple mesthine beda entuk-entukake karo sing tekun ngibadah.
Ning. Tembung ‘ning’ teges hening lan uga wening. Kanthi njumenengi wengi mula bakal bisa ngrasakake swasana kang wening. Ratri kang terus tumapak bisa dirasakake. Ing kahanan kang banget nyenyet kita bisa ngrasakake keteke jantung, melar mingkuse ambegan, prasasat tumiyupe samirana, obahe gegodhongan, pirembugane kutu-kutu walang ataga bisa rinasa kanthi cetha malela. Apamaneh lamun kita bisa ngrasakake gantine dina ing madyane ratri, ana rasa sing ora bisa ginambarake kanthi reroncene tembung lan dawane andharan. Kanthi nglatih ngrasakake heninge ratri kita bisa nglatih konsentrasi tumuju ati kang wening. Weninge ati bisa menehi pituduh dalan bebener lan bisa uga nyumurupi dalan luput.
Nung. Tembung ‘nung’ ateges kasinungan. Kasinungan iku padha wae ateges kapanggonan. Kasinungan ing kene nuduhake kapanggonan daya. Lamun bisa duwe ati kang wening mula nyumurupi dalan bebener lan luput wus mesthi titah iku bakal kasinungan daya kaluwihan kang maneka warna. Ana kang ditambah kawaskithane, ngelmu mimpin, daya linuwih, kapinteran, kesabaran, lan maneka warna kanugrahan liyane. Wong kang kasinungan iku bisa diarani entuk wahyu (hanung) kang bakal murakabi kanggo dhiri pribadi, kulawarga, lan bebrayan agung. Hanung iku nuduhake sih kanugrahan lan kawelasane Gusti kang Maha Kawasa marang kabeh para titah.
Nang. Tembung ‘nang’ bisa ditegesi menang utawa wenang. Pawongan kang wus kasinungan utawa entuk hanung bisa diarani wong kang menang. Menang sajrone urip tegese bisa nguwasani urip. Menang karo sapa? Dudu menang sajrone perang lan nguwasani sepadha-padha, nanging menang lumawan hawa nepsu. Wong kang bisa ngalahake nepsune dhewe ateges entuk kewenangan ngrasakake kamardikan lair batin. Ing kamangka ing jaman iki ora ana maneh perang sing luwih gedhe kajaba perang lumawan hawa nepsu. Wong kang uripe kalah yaiku wong kang dadi budhak hawa nepsu lan kepenginan kadonyan. Yen kaya mangkono nyata urip iku muspra tanpa piguna awit jantrane uripe tumuju dalan kang agawe keblinger.